Amérika Lor utawi Amérika Lèr inggih punika bawana ing wilahan bumi bagéyan lèr. Sisih lèr bawana punika kawatesi déning Segantun Arktik, ing sisih wètan déning Samodra Atlantik Lèr, ing sisih kidul déning Laut Karibia, lan ing sisih kilèn déning Samodra Pasifik Lèr. Bawana punika njangkep wilayah kanthi wiyar 24.500.000 km² utawi kirang langkung 4,8% saking permukaan bumi.
Wiwit Juli 2002, pendhudhukipun kinten-kinten langkung saking 514.600.000. Bawana punika bawana nomer tiga ingkang paling ageng miturut wiyar, sasampunipun Asia lan Afrika, lan nomer sekawan miturut pendhudhuk sasampunipun Asia, Afrika, lan Eropa. Amérika Lèr lan Kidul dipunparingi asma miturut Amerigo Vespucci, inggih punika tiyang Eropa kapisan ingkang nglontaraken gagasan bilih Amérika mboten sami kaliyan Hindia Timur. Piyambakipun punika tiyang Eropa kapisan ingkang manggihi 'Dunia Baru'.
Gandhènganipun siti saking Amérika Lèr tumuju Amérika Kidul namung tanah genting Panama. (Kanggé alasan geopolitik, sedaya Panama – kalebet wètan bagéyan Terusan Panama asring dipunanggep dados sabagéyan Amérika Lèr ugi). Miturut sapérangan pakar, Amérika Lèr wiwit mboten ing tanah genting Panama nanging ing tanah genting Tehuantepec, kanthi dhaérah ngalangi dipunanggep Amérika Tengah lan kasandhar ing lèmpèngan Caribbean.
Kathah tiyang langkung nganggep Amérika Tengah dados dhaérah Amérika Lèr amargi tiyang-tiyang kasebat nggadhahi pendhapat bilih Amérika Tengah langkung alit menawi dados bawana piyambak. Greenland, éwadéné dados bagéyan Amérika Lèr sacara geografis lan ing nginggil lèmpèngan tektonik ingkang sami (lèmpèngan Amérika Lèr), nanging mboten dipunanggep bagéyan bawana punika sacara politis.
Satuan regional
Amérika Lèr, punika setunggaling satuan regional. Nagari-nagari ingkang kalebet ing Amérika Lèr inggih punika:
Catatan:
1.^ Panglompokan kawasan ingkang dhasaripun peta PBB.
2.^ Njangkep Nagari Bagéyan Hawaii ingkang papanipun ing kawasan Oceania.
3.^ , 4, 6 lan 7. Gumantung dhefinisinipun, Aruba, Antillen Belanda, Panama, lan Trinidad lan Tobago nggadhahi salah setunggal utawi kalih wilayah ing Amerika Lor lan Kidul.
5.^Gunung Soufriere Hills ingkang wiwit aktif kawit taun 1995 ngancuraken sabagéyan ageng Plymouth, ibu kitha de jureMontserrat. Kantor-kantor pamréntahan. Ibu kitha de facto papanipun ing Brades.